Minggu, 31 Mei 2015

Pidato Bahasa Jawa Tema Kebersihan Lingkungan


Pidato Bahasa Jawa
Tema : Kebersihan Lingkungan

Assalamualikum Warahmatullahhi Wabarakatuh
            Bapak Lurah saha perangkat desa ingkang kula hormati,
            Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten,
            Bapak Ibu saha para kadang ingkang sutresna,
            Langkung rumiyen, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng ngluberaken rahmad saha kanugrahan, satemah kula penjenengan sedaya sagend pepanggihan ing papan menika kanthi alangan satunggal puanapa.
            Bapak Ibu saha para kadang ingkang sutresna,
            Keparenga kula ngaturaken sekedhik wedharan ingkang kula paringi irah-irahan ‘kebersihan lingkungan’.
            Bapak ibu hadirin ingkang kula hormati,
            Menawi kita ngrembag kebersihan lingkungan, limrahipun ingkang ginambar ing manah inggih menika sampah. Sampah ingkang kathah ing lingkungan kita dipunsebabaken amargi kathahipun produksi produk, lajeng tasih kirang kasadaran lan kapadulian masyarakat babagan sampah. Taksih kathah masyarakat ingkang kagungan gagasan menawi sampah sampun mboten wonten ginane malih. Kamangka nalika sampah-sampah menika mboten dipuntanggapi, sampah-sampah wau saged ndadosaken bebaya ing lingkungan kita. Saged ndadosaken penyakit, pencemaran lingkungan, bencana alam, lan sanesipun.
            Bapak ibu, hadirin ingkang minulya,
            Ewasemanten, mangga kita njagi lingkungan kita khususipun saking sampah. Awit saking mbucal sampah ing papan panggenanipun, mboten nebang wit-witan sembarangan, ugi saged misahaken antaranipun sampah organik lan sampah anorganik. Sampah organic inggih menika sampah saking benda hidup, kados godong-godongan. Menawi sampah anorganik inggih menika sampah saking benda taj hidup, kados plastic, karet lan sanesipun. Pemisahan sampah menika efektif. Menawi saged njagi lingkungan saking sampah, ugi saged ndadosaken sampah organik menika dados pupuk ingkang ramah lingkungan, inggih menika pupuk kompos.
            Salajengipun, taksih kathah cara kagem njagi lingkungan kita. Pramila, mangga kita ningkataken kasadaran lan kapadulian kita babagan lingkungan. Supados, lingkungan kita dados lingkungan ingkang asri lan endah.
            Bapak ibu, hadirin ingkang dahat kinurmatan,
            Kinten punika ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten kalepetan ingkang arupi ucap patrap lan garap, kula namung saged nyuwun lumunturingsih pangaksama panjenangan sedaya.
            Cekap semanten atur kula,
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh




Tidak ada komentar:

Posting Komentar